Saturday, 8 November 2008

Ngelmu Urip

Anane tak wenehi irah-irahan ‘ngelmu urip' amarga ‘ngelmu Jawa' iku pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya. Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih bisa ‘titis ing pati'. ‘Titis ing pati' iku ora ngrembuk suwarga lan neraka.

Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur' kang mangun wujuding ‘manungsa urip' marang sumbere dhewe-dhewe kanthi sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang sumber-sumbere kang ‘azali'. Sing saka cahya lan teja ya bali marang sumber azaline.

Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune ‘wujud' ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak turune). Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu urip', mulane piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah.

Kanyatan kang ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam donya (Ngarcapada) kene iki.


selengkapnya ...

1 comment:

Beno said...

Iki ngelmu sing gampang-gampang susah disinaoni, ora ana sertifikat lan diplomane maneh.
Nanging gelem ora gelem pancen kabeh kudu usaha sinau.
Lha wong urip je, mesthi wae sinau piye urip sing becik, temata, lan akhlakul karimah (wuah, sok kiai !!).
Mesthi, kita ora bisa selak maneh menawa urip wajib disinaoni. Ora mung manfaatke urip kanggo ngumbar hawa nepsu (walah, kaya-kaya wis hebat dhewe ...).